
Besanan Ilmuan Kampus Karo Ilmuan Kampung
- Posted by Kholil Arkham
- Categories Berita
- Date 17 December 2021
Dina Selasa Wage tanggal 14 Desember 2021 Universitas Islam Negeri Profesor KH. Saifuddin Zuhri, Purwokerto nganakena Seminar Nasional “Strategi Pengembangan Perguruan Tinggi Berbasis Budaya Lokal” tempate nang auditorium utama, Jalan Jendral A. Yani Nomer 40 A Purwokerto, Kode Pos 53126. Sing dadi narasumbere Dr.KH.Mohamad Roqib, M.Ag, Rektor UIN SAIZU, judul makalahe “Strategi Pengembangan UIN SAIZU Berbasis Budaya Penginyongan”, Prof. Dr. H. Kacung Marijan, MA, sekang Universitas Airlangga uga Wakil Rektor Universitas Nahdhatul Ulama, Surabaya, judul makalahe “Strategi Pengembangan Perguruan Tinggi Berbasis Budaya Lokal”, Atmo Tan Sidik, Kepala Desa Pakijangan, Tahun 1989 – 1997, Kecamatan Bulakamba, Kabupaten Brebes, Provinsi Jawa Tengah, judul makalahe “Kearifan Lokal Catatan Seorang Mantan Kepala Desa”, Sing dadi moderator Ahmad Muttaqin, M.Si, Dosen UIN SAIZU.
Lagi mein pengantar moderator nyritakena tujuane seminar oranana lia nggoleti ide-ide sing apik, anyar, tur bisa gawe masyarakat nang penginyongan uripe luwih adem tentrem gayeng, seneng dunya lan akherate, utamane kanggo sing ana ning Kabupaten Kebumen, Banyumas, Cilacap, Purbalingga, Purwokerto, Brebes lan Tegal.
Mulane pra lambang daerah kuwe kaya tah sing dikenal daning para sesepuh utawa kami tuwa awit jaman kuna yen Banyumas pra lambange “Bayem gatel tuwuh ing tegal”, Purwokerto “Kebo gupak ing talunan”, Banjarnegara “Landak mati nang lenge”, Purbalingga “Pandan rangkep aneng jero paseban”, Cilacap “Wedhung sumlandang”, Tegal “Banteng loreng binoncengan”, Pekalongan “Merak ngigel sinonderan”, Brebes “Gong pecah tinabuh”, kuwe perlu dipahami generasi muda milenial.
Giliran anjoge rektor KH. Dr. Mohamad Roqib, M.Ag, deweke njelasaken yen visine UIN SAIZU kuwe pengin dadi universitas islam sing unggul, bisa gawe maju ning babagan ilmu, teknologi, seni nang tlatah ASEAN Tahun 2040, mulane nang misine UIN SAIZU nduweni program kerja kanggo nganakena penelitian sing nggoleti masalah-masalah babagan agama, adat istiadat, sing ana nang daerah lingkungane, endah masyarakate nduweni akhlakul karimah kanti nglaksanakaken program tri dharma perguruan tinggi, yakuwe ning bidang pendidikan, penelitian, lan pengabdian masyarakat. Nang agendane salah sijine, gawe acara silaturakhim karo para tokoh penginyongan sing ana nang 8 kabupaten utawa kota, nerjemahena naskah kuna penginyongan, terus gawe pojok penginyongan, gawe musium karo visum penginyongan.
Seteruse Prof. Kacung Marijan, sing tau dadi Dirjen Kebudayaan Kemendikbud RI, Tahun 2012 – 2014, deweke pesen supaya universitas KH. Saifuddin Zuhri bisa dadi pusat kebudayaan, karo kabeh sing melu seminar deweke ngelingaken, yen terkadang masyarakat sing ana nang njabane kampus kuwe uga duwe pengalaman sing hebat, mulane ora usah isin utawa rikuh ilmuwan kampus supaya nyambung silaturakhim karo warga kampung. Nganggo istilahe UNESCO ana 4 pilar pendidikan, learning to know, learning to do, learning to be, learning live to together, esih ditambah 2 maning yakuwe learning to learn, learning to creative and innovative, singkate masyarakat kuwe lugune pada karo universitas terbuka, akeh ilmu angger gelem silaturakhim.
Anjoge enyong narasumber sing nomer 3 lagi dipasrahi ngomong, enyong njelasena lagi dadi lurah nang desa pakijangan enyong tau mraktekaken salah sijine kearifan lokal sing ana nang desa yakuwe ndadekaken pertemuan selapanan dina jemuah kliwon kanggo ketemune ulama, umaro, aghniya, fukoro. Uga ndadekaken adat ruwat desa, nggotong kentong, nyiwer desa, sing intine priben carane gawe keputusan pembangunan desa, sing dasare saka musyawarah utawa rembug, mulane ana sing ngarani “demokrasi jemuah kliwon”.
Dina selasa bengi balik anjog umah enyong maca WhatsApp, sing dikirim saka ketua Yayasan Pendidikan Pancasakti, sing isine yen dina kemis manis tanggal 16 desember 2021, jam 10.00, tempate nang aula yayasan ana acara silaturakhim bincang santae karo komunitas sastrawan tegalan, enyong mbatin wah kie kayong cocog karo sing tak omongena nang seminar UIN SAIZU, yen luwih apik lamon universitas gelem besanan karo seniman budayawan, sastrawan, kanggo bareng-bareng mbangun masyarakat sing “wareg mangane, golong pikirane, semanak lan santun tingkah polahe”. Enyong ngarani istilahe besanan ilmuwan kampus karo ilmuwan kampung, endah aja kaya kedadian sing nang filem “joe turun desa”, mulane kudu dipetani bibit bebet bobot babate. Nang kene kiyeh sing dimaksud besanan.(ATS)
Tag:Kacung, Purwokerto, UIN SAIZU
Previous post
Perguruan Silat Tapak Suci UIN SAIZU Raih Peringkat 4 Silat Tingkat Nasional
You may also like
Tingkatkan Harmonisasi Ormawa, FEBI UIN SAIZU Lantik Pengurus Baru Lembaga Kemahasiswaan
Purwokerto – Pada tanggal 20 Maret 2023, di bawah Kementrian Dalam Negeri Dewan Eksekutif Mahasiswa Fakultas Ekonomi dan Bisnis Islam UIN SAIZU menggelar Pelantikan dan Upgrading ORMAWA FEBI Tahun 2023 di Auditorium UIN Prof. K. H. Saifuddin Zuhri Purwokerto. Mengangkat …
